GODONG - Gugur tanpa sambat, nanging ninggalake urip kanggo liyane.

Ana sing urip ora kanggo dipuji, nanging kanggo nguripi liyane kanthi meneng lan tulus.
Kadhangkala sing paling migunani kuwi ora tau katon paling dianggep, nanging tansah ana lan setya ing panggonane.




GODONG

Krembyah-krembyah Katon ijo serto ngayomi.
Anamu ning wit-witan ibarat pawon sakjroning omah.
Panggonan ing gawe ngolah daharan.
Supoyo biso dinikmati kanti eco.

Senajan penting banget.
Nanging anamu oraisa selawase ono.
Sengete srengenge sing ngewangi nglakoni tugasmu. 
Nanging semono ugo yo iso ngrusaki pawujudmu.

Durung maneh, yen ono barat gede.
Sing ngoyak oyak wit-witan.
Panggonan mu cemantel.
Ono hing rerencekan, dadi gogrok.

🎶Kledang-kledung 🎶mobat-mabit.
Si godong kegowo angin,.
Mblasah pateng selengkrah ana lemah.

Godong ora tau nyalahno sopo-sopo.
Godong ora tau nuntut jasa-jasane.
Godong legowo narimo marang pestine.
Gugor garing nuwuhake jamur kahuripan.

Priyo Noa | ᴘʀᴀʙᴜ˙ 28-Desember-2022 



Lan kaya godong, urip ora mung babagan suwene ana, nanging sepira migunani sadurunge gugur.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

LAKONE LAINE - Ana wektu nalika awake dhewe mung dadi tokoh, dudu sing nentokake cerita.

ANGKALAN ANGKAH - Kadhangkala sing paling rame dudu swarane padu, nanging ati sing padha ora gelem kalah.