ANGKALAN ANGKAH - Kadhangkala sing paling rame dudu swarane padu, nanging ati sing padha ora gelem kalah.

Hubungan ora tansah mlaku kanthi tenang. Ana wektu nalika loro ati padha kebak pikirane dhewe, nganti tembung dadi luwih landhep tinimbang rasa sing sakjanรฉ isih dijaga. Nanging saka kono, kita kerep ngerti—yen padu uga bisa dadi tandha yen loro-lorone isih padha nyoba tetep ana.



ANGKALAN ANGKAH

Sepisan meneh aku nulis larik aksoro sinambung roso
Songko perihe netro rikolo krungu teges e suworo 
Aku lan sliramu nate naleni tresno jiwo lan rogo
Senajan pupus amergo kalakon tumindak angkoro

Pancen, tresnaku durung biso sejembar laut samudro
Semono ugo sliramu sing durung biso netepake roso
Gelo lan kuciwo ning atiku orabiso tak selaki 
Rikokolo ngerti kasunyatan kang ngrujit-rujit lathi

๐˜š๐˜ถ๐˜ณ๐˜ฆ๐˜ฎ-๐˜ด๐˜ถ๐˜ณ๐˜ฆ๐˜ฎ ๐˜ฅ๐˜ช๐˜ธ๐˜ข๐˜ฏ๐˜จ๐˜ฌ๐˜ข๐˜ณ๐˜ข ๐˜ฌ๐˜ช๐˜ฏ๐˜จ๐˜ฌ๐˜ช๐˜ฏ,
๐˜ญ๐˜ช๐˜ณ ๐˜ฎ๐˜ข๐˜ฏ๐˜จ๐˜ข๐˜ด๐˜ธ๐˜ข ๐˜ฌ๐˜ข๐˜ฏ๐˜จ ๐˜ญ๐˜ข๐˜บ๐˜ฐ๐˜ฏ,
๐˜ฅ๐˜ฆ๐˜ฏ๐˜ฏ๐˜บ๐˜ข ๐˜ช๐˜ญ๐˜ข๐˜ฏ๐˜จ ๐˜ฎ๐˜ฆ๐˜ฎ๐˜ข๐˜ฏ๐˜ช๐˜ด๐˜ฆ,
๐˜ธ๐˜ข๐˜ฅ๐˜ข๐˜ฏ๐˜ข๐˜ฏ๐˜ช๐˜ณ๐˜ข ๐˜ญ๐˜ข๐˜บ๐˜ถ,
๐˜ฌ๐˜ถ๐˜ฎ๐˜ฆ๐˜ญ ๐˜ฌ๐˜ถ๐˜ค๐˜ฆ๐˜ฎ ๐˜ณ๐˜ข๐˜ฉ๐˜ฏ๐˜บ๐˜ข ๐˜ฎ๐˜ฆ๐˜ณ๐˜ข๐˜ต๐˜ข๐˜ฏ๐˜ช, 
๐˜ฆ๐˜ฏ๐˜จ-- ๐˜– —. 

Roso ora percoyo marang sabdo sing tak tompo
Tansah kebak nandes sesek ono dodo
Paribasan peteng ndedete alam ndonyo amergo wuto
Nganti orabiso nyawang, iki tresno opo angkoro

Jujor teko lathi
Nganti saiki aku dewe durung biso ngerti
Tulisan iki bakal dadi saksi tangis'ing ati
Opo malah banjur ngisin-ngisini diri

Nanging sing genah tak ngerteni
Nganti saiki aku durung biso lali
Marang endahe wanito sing nate tak tresnani
Panggonmu iseh nethep ono lathi senajan nate mblenjani janji

Bener kandamu, oraono manungso kasabdo sampurno
Kalakon kukot kaitan laku sembrono
Semugo sliramu ning kono anggayuh bahagyo
Tak tompo, tak trimo ginarise kang moho kuoso, menawi lupot nyuwon pangapuro...



Lan ing pungkasane, kita ngerti—ora kabeh sing padu pengin pisah, ana sing mung kesel dadi siji-sijine sing terus ngalah.

Kombinasi:
- ๐˜š๐˜ถ๐˜ณ๐˜ฆ๐˜ฎ-๐˜ด๐˜ถ๐˜ณ๐˜ฆ๐˜ฎ ๐˜ฅ๐˜ช๐˜ธ๐˜ข๐˜ฏ๐˜จ๐˜ฌ๐˜ข๐˜ณ๐˜ข ๐˜ฌ๐˜ช๐˜ฏ๐˜จ๐˜ฌ๐˜ช๐˜ฏ

Komentar

Postingan populer dari blog ini

LAKONE LAINE - Ana wektu nalika awake dhewe mung dadi tokoh, dudu sing nentokake cerita.

GODONG - Gugur tanpa sambat, nanging ninggalake urip kanggo liyane.