LAKONE LAINE - Ana wektu nalika awake dhewe mung dadi tokoh, dudu sing nentokake cerita.
Urip ora tansah menehi peran sing kita karepake. Kadhangkala, kita kudu mlebu ing lakon sing ora kita ngerti awal lan pungkasane, mung kanggo nerusake dalan sing wis kebuka tanpa bisa bali. LAKONE LAINE Wiwitan songko ora sengojo. Mampir takon bumbu gorengan. Saiki mijil dadi carito. Nganti kepengen biso sesandingan. Awan wengi tansah ngebaki roso. Ayang ayangmu napak ono pendeleng netro. Duh, gusti tankeno kinoyo ngopo. Delem nenuwun, engkang gadah kerso. Tanggal enem, ulan siji dino wingi. Slirane pamit suwene rongsasi. Kanggo adus gondo wangi. Ngresiki ati songko kabeh sing ora mbejaji. Duh Gusti pengeran. Dalem nenuwun pinaringan cahyo kangnyoto. Kanggo slirane sing saiki ono sobo paran. Mugo ditebihake songko kabeh tumindak olo. Priyo Noa | แดสแดสแด° 13-01-23 Lan pungkasane, kita mung bisa mangerteni—yen ora kabeh lakon kudu dimiliki, ana sing cukup dilakoni nganti wayahe rampung dhewe.