SANDYAKALA - Nalika cahya wiwit surup, ana rasa sing alon-alon kudu sinau ngilang.
Sandyakala iku dudu mung wektu, nanging rasa. Rasa nalika kudu ngerti yen ora kabeh sing tau ana, bakal tetep ana nganti pungkasan.
SANDYAKALA
๐๐ข๐ฏ ๐ด๐ข๐ฎ๐ข๐ณ ๐ฑ๐ข๐ฎ๐ฐ๐ณ๐ช๐ฏ๐จ ๐ด๐ถ๐ฌ๐ด๐ฎ๐ข,
๐๐ช๐ฏ๐ถ๐ฌ๐ฎ๐ข๐บ๐ข ๐ธ๐ช๐ฏ๐ข๐ฉ๐บ๐ข ๐ช๐ฏ๐จ ๐ข๐ด๐ฆ๐ฑ๐ช,
๐๐ช๐ฏ๐ช๐ฎ๐ฑ๐ฆ๐ฏ ๐ต๐ฆ๐ญ๐ฆ๐ฏ๐จ๐ช๐ฏ๐จ ๐ฌ๐ข๐ญ๐ฃ๐ถ,
๐๐ข๐ฎ๐ฃ๐ถ๐ฌ๐ข๐ฏ๐ช๐ฏ๐จ ๐ฎ๐ข๐ณ๐ข๐ฏ๐ข,
๐๐ข๐ณ๐ต๐ฆ๐ฏ ๐ด๐ข๐ฌ๐ช๐ฏ๐จ ๐ญ๐ช๐บ๐ช๐ฑ-๐ญ๐ข๐บ๐ข๐ฑ๐ช๐ฏ๐จ ๐ฏ๐จ๐ข๐ญ๐ถ๐บ๐ถ๐ฑ,
๐๐ช๐ฏ๐ฅ๐ฉ๐ข ๐ฑ๐ฆ๐ด๐ข๐ต๐ช๐ฏ๐จ ๐ด๐ถ๐ฑ๐ฆ๐ฏ๐ข,
๐๐ถ๐ฎ๐ถ๐ด๐ถ๐ฑ๐ช๐ฏ๐จ ๐ณ๐ข๐ฉ๐ด๐ข ๐ซ๐ข๐ต๐ช.
Lewat aksoro kalam eng roso tak tulisake carito
Endahe negoro kang kasebut Nuswantoro
Mugo biso kewaos kanti cetho
Marang kulo lan panjenengan sedoyo
Nuswantoro negoro endah koyoroyo
Kebak Kahuripan, songko gunung-gunung lembah nganti segoro
Kondang tlatah subur-makmur
Ugo poro masyarakate podo akur
Ono siji kang dadi ati nganti nggegirisi
Utamaning kulo, poro lancing putro-putri ibu Pertiwi
Dalem sinau maru ketutu noto laku kang satuhu
Mugi pinaringan pakaryan kang mantesi ugo lumintu
Nanging nyatane, poro kesatrio olo tanpo isin tumindak nisto
Kalungguhan sasat kadigdayan, arogan tanpo nyawang liyan
Aku sing mung modal ngilmu warisan poro guru
Banget, ngraos kangelan mergo raono kadang kanggo gondelan
Kesempatan paribasan barang dodolan sing diumbar ning ngarepan
Opo iki sing jenenge kemakmuran
Negoro arum sing kondang budoyo ketimuran
Nyatane poro panguosone mung rakus pujian
Duh gusti kang moho kuoso dalem ndedungo
Mugi den paringi dalem pangupo jiwo
Senajan sudra, dalem ngengimpi saget njunjung derajat e keluargo
Aamiin ya rabbal alamin...
Priyo Noa | แดสแดสแด˙ 02 Juni 2023
Kombinasi: Macapat pangkur.
Amarga kaya sandyakala, sing ilang ora tau pancen ilang—mung pindhah dadi kenangan sing ora iso dicekel maneh.
Lan saka kono, kita ngerti—ora kabeh kudu dipertahanke, ana sing cukup dikenang.
Komentar
Posting Komentar