ACINTYA - Amarga ora kabeh rasa butuh wujud


Ana rasa sing ora bisa digambar nganggo tembung, ora bisa diraba nganggo pikiran, nanging tetep ana lan urip ing sajroning batin.




ACINTYA

๐˜›๐˜ข๐˜ฌ ๐˜ญ๐˜ฆ๐˜ญ๐˜ฐ ๐˜ญ๐˜ฆ๐˜ญ๐˜ฐ ๐˜ญ๐˜ฆ๐˜ญ๐˜ฐ ๐˜ญ๐˜ฆ๐˜ฅ๐˜ถ๐˜ฏ๐˜จ
๐˜Š๐˜ถ๐˜ฑ ๐˜ฎ๐˜ฆ๐˜ฏ๐˜ฆ๐˜ฏ๐˜จ๐˜ฐ ๐˜ข๐˜ฏ๐˜ข๐˜ฌ ๐˜ฌ๐˜ถ ๐˜ค๐˜ข๐˜ฉ ๐˜ฃ๐˜ข๐˜จ๐˜ถ๐˜ด_


Nganggo tembang iki, 
Saben wayah wengi ibu ngancani nganti tumekaning impi
Prasasat langit bumi hang nyekseni, raono jopo kang biso ngungkuli

Ibu, amung panjenengan manungso kang estu dikdoyo ono ngalam nduyo
Sabdo mu mampu mbedah nganti langit sapitu
Ibu, amung panjenengan manungso kang estu dikdoyo ono ngalam nduyo
Tirakat mu paribasan swargo ono ing telapak suku niro

Gusti mboten semoyo ngijabahi 
Pramilo ibu sampun nenuwun
Ugo orabiso diselaki
Rikolo ibu sampun kalamun 

Sangang sasi sepuloh dino
Suwineng ibu anggoneng ngandut engkang putro
Hangungkuli tirakat poro Dewo
Paribasan kudu kelangan nyowo, nanging ibu mboten gelo

Welas ugo asihmu hang ngungkuli jembare laut samudro
Nganti orabiso kewales nganggo gedening emas picis rojo brono
Sejatineng gathi tulus teko lati tankeno diumpomo
Kebak arum gondone undumboro swargo

Dalem engkang putro nyuwun agunge pangapuro
Dereng saget dados manungso kang dipun kerso
Semogo ibu tansah pinaringan yuswo ingkang dowo
Tumekaning Kulo ginayuh mahardhiko kinabuling ibu ndedungo





Lan mbok menawa, sing paling sejati iku dudu sing katon, nanging sing ora tau bisa diterangake.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

LAKONE LAINE - Ana wektu nalika awake dhewe mung dadi tokoh, dudu sing nentokake cerita.

GODONG - Gugur tanpa sambat, nanging ninggalake urip kanggo liyane.

ANGKALAN ANGKAH - Kadhangkala sing paling rame dudu swarane padu, nanging ati sing padha ora gelem kalah.