GEGEMAN - Ana rasa sing ora perlu diumbar, nanging cukup dijaga lan dirasakake kanthi tenang.

Kadhangkala, sing paling penting ing urip iki dudu sing paling rame diucapake, nanging sing paling tenang dijaga. Rasa sing ora butuh pengakuan, nanging tetep ana lan tuwuh ing njero ati tanpa kudu dipaksa dingerteni wong liya.




GEGEMAN 


Nyampar nyandung lelakuku.
Dudu kerono supoyo biso nduweni tresnamu.
Pancen estu ngendikaning poro guru.
Maru ketutu kebak tatu naliko siro lenggah dampar kang tinuju.

Ngupokoro roso tankeno nganggo laku sembrono.
Nyawango ngarep koco koyo ngopo kiro-kiro kedadean marang siro.
Nelongso loro kuciwo gelo iku pancen nyoto.
Ugo biso nganti mekso manungso tumindak olo mergo cidro.

Waleh iku oleh.
Nanging ojomung diseleh nganti lali noleh.
Cobo ilingono koyo ngopo jaman semono anggonmu ngranggeh nganti menggeh-menggeh.
Tanpo nyuworo duso banjur dilepeh.

Oraono pegat tanpo rungkad.
Yen ora rungkad kenopo pegat.

Tumprap ing manungso pancen kebak pacoban.
Iku ginaris minongko tresnaning moho pengeran.
Supoyo biso ngregani opo sing wes ono ing gegeman.
Ngeman nganggo iman sukur biso tumekaning wayah kapundut keloronan.





Lan pungkasane, gegeman iku ora diukur saka sepira sering diucapake, nanging saka sepira setya dijaga tanpa kudu dipaksa katon.
Amarga sing sejati ora butuh rame, cukup ana lan tetep dijaga.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

LAKONE LAINE - Ana wektu nalika awake dhewe mung dadi tokoh, dudu sing nentokake cerita.

GODONG - Gugur tanpa sambat, nanging ninggalake urip kanggo liyane.

ANGKALAN ANGKAH - Kadhangkala sing paling rame dudu swarane padu, nanging ati sing padha ora gelem kalah.