SUNYARAGI - Nalika ati wis kebak rasa, nanging raga milih meneng lan nyimpen kabeh dhewe.
Sunyaragi dudu mung babagan sepi, nanging babagan rasa sing ora nemokake panggonan kanggo diucapake. Nalika kabeh kudu ditahan, lan ati mung bisa meneng tanpa ngerti kudu piye.
SUNYARAGI
Aku ora ngiro bakal koyo ngene dadine.
Kanggo kowe kabeh wes tak usahakne.
Wiwit mbukak ati songko roso wedi dilarani.
Nganti mateni gengsi demi iso ngerteni lan gemati.
Nanging opo sing tak tompo.
Ora liyo roso loro sing mbok tambai loro.
Tekamu nggowo bungah paribasan pupos tuwoh koyo trubusan.
Ning nyatane mung sak kedepan kowe iseh duwene liyan.
Dudu mergo kelangan sing tak gelani.
Nanging gati teko lati mung mbok anggep nggeragasi.
Nganti lali eluh tangismu tau deres mili sing tak usap.
Tanpo rumongso duso kowe ngilang sasat lenyap.
Nambani ati ora gampang.
Mergo loro sangking nandese roso sayang.
Lan kowe ugo ora bakal biso ngerti.
Sesek e dodo mergo gemati nganti kowe ngalami larane diapusi.
Senajan kahanan ku saiki koyo ngene.
Lungamu songko kene uwes tak ikhlasne.
Senajan ati iki loro keliwat loro.
Mugo wae kowe ningkono ngroso bahagiyo.
Kangen iki pancen ora tuntas.
Mergo ono roso sing iseh mbekas.
Amung gusti sing biso ngerteni.
Ono ngendi saiki kudu tak seleh ati iki.
Nerimo sejatineng titah pengeran.
Mergo lelaku ku sampun sempoyongan.
Umpomo pati sampun dipon pesti.
Dalem narimo nganggo jembare lati.
Priyo Noa | Prabu 31 maret 2024
SUNYARAGI (kesepian)
Berasal dari bahasa sansekerta yaitu sunya : sepi dan ragi : raga. Dengan judul tersebut diatas semoga dapat merepresentasikan maksud dari isi teks geguritan diatas rasa kesepian hati yang patah.
Komentar
Posting Komentar