LARIK CARITO - Geguritan Jawa bab lelampahan rasa.
Saben uwong nduweni caritane dhewe, ana sing kebak bungah, ana uga sing kebak tatu, nanging kabeh mesthi ninggalake rasa sing ora gampang dilalekake.
Urip iku mung reronce carito, sing kadang nyenengake, kadang uga nglarani nganti ninggalake bekas ing njero ati.
LARIK CARITO
Seko roso suko nganti kerso manah narimo.
Wiwet ora pamit gawe nyelekit dadi penyakit sing nyelempit kejepit nganti njerit.
Aku ora ngerti iki di uji opo pancen lakone gusti sing ndue pesti.
Rene,,, ndang nyoto o ono ngarep pendeleng e moto.
Tak ronce-ronce nganggo tangan ku dewe dadio busono ageman kulo.
Busono sing wangun anggun ugo nuron becik marang sanak kadang lan katurunan.
Nebaro gondo wangi wewangian surgawi, panggonan engkang diidam-idami tumprape manungso.
Ojo Sujono marang carito sing wes dilakoni ketimbang loro lan nyikso rogo.
Ono dluwang iki tak tulisake selarik carito roso.
Songko dudu sopo-sopo teko nyopo lewat suoro diwangsuli moco nganti kulino nandes jroning roso.
Duh.. nimas, tekamu nggugah sejatineng manah sing wis tau owah nganti bubrah mergo kakean polah.
Sak wintoro bungah sumringah bebasan nemu omah sak uwise seprono seprene kelangan arah.
Duh.. nimas, laraku laramu nyatane podo loro naliko semono mergo tatu carito roso rungkad njero dodo sing kesio-sio babakan tresno.
Naging rapopo, mergo tau ngroso loro dilarani iku iso dadi guru kanggo kito noto laku tumindak becik marang aku lan sliramu.
Pengeran mboten nate sare.
Saben menuso bedo carito.
Mergo bedo bakale sampurno.
Nganti tumeko pungkasan engkang paripurno.
Anggitanipun:
@priyo_noa | ᴘʀᴀʙᴜ˙18-01-23
Lan ing pungkasane, kabeh larik carito bakal nemokake tegese dhewe, nalika manah wis sinau narimo lan ngikhlasi sakabehe.
Amarga saka rasa lan lara, manungsa sinau dadi luwih ngerti makna urip sing sejati.
Komentar
Posting Komentar