OBAH MLAMPAH - Kadhangkala urip ora butuh jawaban sing dawa.
Urip iku dudu perkara sapa sing paling cepet tekan tujuan, nanging sapa sing ora mandheg nalika dalane wiwit angel dilakoni. Ing saben langkah sing kadhang goyah, ana tekad sing kudu dijaga supaya ora mati sadurunge tekan arti sejati saka perjalanan iki.
OBAH MLAMPAH
Duh Gusti.
Pramilo kulo pancen dipun sabdo.
Kanggonan njunjung derajate keluargo.
Banjur lurusake kulo, ing atase roso mangu.
Ugo kahanan sing durung mesthi agawe wedi nganti nggegirisi.
Pramilo kulo pancen dipun sabdo.
Kanggo ndandani rejekine keluargo.
Dalem nyuwun dipun tuntun.
Obah mlampah kang tinuju, dalaneng rejeki kang den ridhoi.
Gusti, kulo nyuwun ridho supados biso agawe bungah ing keluargo.
Utamané mardiko sakderenge teko yuswo ibu bopo.
Duh Gusti,,,
Tulung isenono suwung ing lati iki.
Nganti kebak nganggo samudraning kebecikan.
Lan sepindah malih Gusti,,,
Kulo suwun sanget Kun Fayakun-eng panjenengan.
Aamiin ya rabbal alamin..
Priyo Noa | ᴘʀᴀʙᴜ˙08 April 2023
Mula yen saiki isih ana rasa kesel lan ragu, elinga: obahmu, sanadyan cilik, iku tandha yen kowe isih urip lan durung nyerah. Lan sajrone mlampah iku, kowe bakal nemokake—yen sing digoleki sejatine wis ana ing njero awakmu dhewe.
Komentar
Posting Komentar