SISO PAITAN - Ana rasa sing wis lunga, nanging paité isih gelem tetep ana.

Nalika kabeh wis rampung, ora kabeh rasa melu lunga. Ana sing isih kari dadi sisa, ngendap alon-alon ing njero ati, dadi pait sing ora rame nanging terus kerasa. Lan saka kono, kita sinau—yen ora kabeh kenangan bisa langsung mari mung amarga wektu mlaku luwih adoh.

SISO PAITAN

Ono ing seklebat katon samburat ayang-ayang 
Padang njingglang anggambarake endahe Kahuripan sing tau kelaksan
Solah tanpo cidro anggone mlampah nganti jumeneng
Nanging angertio soca sampun ngalirik marang radosan

Rungkad kang kaliwat-liwat durung bener-bener tamat
Perihe lathi kang nggegirisi durung biso diarani mari
Senajan sabdo carito kang moho kuoso tak tompo minongko tirakat
Nyatane ngeneki, kowe, kowe lan kabeh liyane yo podo ngerti

𝘗𝘳𝘢𝘯𝘥é𝘯é 𝘬𝘢𝘯𝘨 𝘸𝘶𝘴 𝘴𝘢𝘮𝘱𝘶𝘳𝘯𝘢 ,
𝘪𝘯𝘨 𝘱𝘢𝘯𝘨𝘢𝘸𝘳𝘶𝘩 𝘵𝘢𝘯 𝘴𝘢𝘮𝘢𝘳 𝘸𝘰𝘳𝘪𝘯𝘨 𝘥𝘩𝘪𝘳𝘪 ,
𝘬𝘢𝘯𝘨 𝘯𝘨𝘢𝘭𝘪𝘯𝘨𝘪 𝘸𝘶𝘴 𝘬𝘢𝘥𝘶𝘭𝘶 ,
𝘯𝘨é𝘭𝘢 𝘵𝘢𝘯 𝘬𝘢𝘭𝘢𝘮𝘢𝘵𝘢𝘯 ,
𝘸𝘳𝘶𝘩 𝘪𝘯𝘨 𝘸𝘳𝘢𝘯𝘢 𝘱𝘢𝘮𝘣𝘶𝘬𝘢𝘯é ,
𝘵𝘢𝘯 𝘬𝘢𝘭𝘪𝘳𝘶 𝘫𝘳𝘰 𝘭𝘪𝘺ê𝘱 𝘭𝘢𝘺𝘢𝘱 𝘬𝘢𝘳𝘢𝘴𝘢 ,
𝘴𝘢𝘬𝘪𝘯𝘨 𝘱𝘳𝘢𝘯𝘢 𝘱𝘳𝘢𝘯𝘢𝘸𝘢𝘯𝘪𝘯𝘨._

Aku iki manungso, kasabdo urip ning alam ndonyo umume manungso
Nduweni roso tresno nganti kuciwo rungkad mergo loro kesio-sio 
Songko dudu sopo-sopo kaitan percoyo marang ukoro banjur gelo
Songko roso gati ngronce impi semugo nyawiji ono ing keluargo kang sampurno

Nyatane saiki kabeh kuwi sirno tanpo nyiso kejobo mangkel ono lati
Aku lan sliramu wolas-walesan ngelarani nggegirisi
Dongaku mung siji mugi gusti maringi ayeme ati
Orabakal pungkas carito kang wes dadi bekas pramilo ikhlas durung biso kalakoni

Pancen podo menenge, nanging katon jelas siso-siso paitane
Mugo sepisan tibo biso dadi guru kanggo laku mlampah maju
Aku lan sliramu pancen dudu kang moho sampurno
Nanging tibo noring blumbang sing podo iku olo-olone manungso




Lan ing pungkasane, kita mung bisa nrima—yen sawetara rasa pancen ora kanggo dilalekke, mung kanggo alon-alon dibiasakake.

Kombinasi: Suluk Pathêt Nêm Wantah [2]

Komentar

Postingan populer dari blog ini

LAKONE LAINE - Ana wektu nalika awake dhewe mung dadi tokoh, dudu sing nentokake cerita.

GODONG - Gugur tanpa sambat, nanging ninggalake urip kanggo liyane.

ANGKALAN ANGKAH - Kadhangkala sing paling rame dudu swarane padu, nanging ati sing padha ora gelem kalah.